Muharam Ing Tlatah Abangan

“Muharram ing Tlatah Abangan”

Dak cerita, angerungu lelembut gelaran gedhen

Ampun gelar janur kuning

Ampun lumampah tebih

Amung sae mendel dhateng griyo

Ubarampe tinata ing papan

Kirab cumepak sedawan sepur

Sewu pandonga ing wilujengan

Tirakat tapa lan ruwatan

Menyan sing diobong, minangka tandha talining iman

‘Urubing cahya kumara, kukuse ngambah swarga’

Werna-werni lelakon Suro

Ampun tindhak panuju awal

Muhasabah, syukur, lan pangarep tentrem

Kala warsa wingi, menika, lan salajengipun

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *